Pengikut

Sabtu, 05 Mei 2012


PIREMBAGAN
1.      Panambang {-mu} wonten ing Basa Jawi
Panambang inggih menika pocapan utawi tembung ingkang dumadi wonten ing pungkasane tembung ingkang saged ngowahi teges saking tembung linggane. Menawi wonten ing basa Indonesia, panambang menika diarani akhiran. Panambang wonten ing basa jawa inggih menika:
a, i, e, en, ana, aké, na, ni, , ku, lan mu.
Wonten ing pirembagan makalah menika namung badhe ngrembag babagan panambang {–mu} kemawon. panambang {–mu} nggadhahi  teges inggih menika, nyethakake kagungan samubarang, utawi nyethakake samubarang ingkang tiyang sanes gadhahi. Panambang {–mu} menika boten sami kaliyan panambang-panambang sanesipun, amargi panambang {–mu} menika nggadhahi teges nyethakaken kagungane samubarang tiyang. Contonipun kados :
Tembung Aran
Tegese : nyethakaken samubarang ingkang tiyang sanes gadhahi.
Buku menika kagolong Tembung Aran, pramila panambang {-mu} wonten ing tembung aran menika negesi yen nyethakake kagunganipun samubarang tiyang sanes.
            Conto  :
a.       Sandal       + {-mu}           = sandalmu
b.      Sepatu       + {-mu}           = sepatumu
c.       Klambi      + {-mu}           = klambimu
d.      Kasur         + {-mu}           = kasurmu
e.       Omah        + {-mu}           = omahmu
f.       Pulpen       + {-mu}           = pulpenmu
g.      Piring         + {-mu}           = piringmu
h.      Sendok      + {-mu}           = sendokmu
i.        Gelas         + {-mu}           = gelasmu
j.        Sepedha    + {-mu}           = sepedhamu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar