Pengikut

Sabtu, 31 Maret 2012

malam ini aku kaya orang dusun yg baru liat kota, sama rasanya waktu pertama aku nulis blog.... rasanya berbunga bunga... bisa punya blog, pdhal aku trmasuk org yg gaptek. bisa di bilang kalo aku ini on-line cm buka facebook dan twitter...gak sempat memanffatkan sesuatu yg bisa menghasilkan uang. aku pikir, dengan menyalurkan hobiku ini, aku bisa nulis dan ngeluarin isi hati ke blog, 
blog ini aku buat sebagai diary ku... krn blm byk org yang tau blog ku ini kecuali pak nen...hehehe..... ^_^ aku bisa nulis semua uneg-uneg yang aku rasa ke blog ini... siapa tau, klo udh banyak bisa aku bikin novel.hehehehe...:)
mungkin saat ini, aku masih blm bs melupakan mu..... sungguh sangat sakit apabila aku mengingatmu, yg meninggalkanku tnp  sebab.... entah apa yg hrs aku lakukan.... hingga kini, aku belum tau apa yg sedang melandaku, akankah aku harus menunggumu, atau aku harus menjauh darimu....  
km pikir km siapa, ninggalin aku dh luka d hati?? km siapaa???!!! yg aku tau, novri yg dulu bukan spt ini...

Leburing katresnan
Sumilir angin kang nyilakake rambutku
Nyigrak sesawanganku kang samar
Mripat dakeremake…
Aku unjal ambegan dawa…
Dak rasa… kumlebat laraning ati
Saya suwe saya lebur…
Pranyata, sasuwene iki
Pancen wus sirna tresnaku marang dheweke
Tresna sing kumanthil 3 taun
Bisa sirna mung perkara sepele
Perkara sepele nanging nyata?
Puspita Apriliani
Surabaya, 11 maret 2012

galau

Titel
wanci kang dawa anggone nggolek ilmu
seprana seprene  mung ngalor ngidul
durung genah anggone netepi ati
pranyata, pancen mangkono  kuwi…
          lakuning urip kang samsaya nganggrah
          pontang panting anggone angayahi
          mung nggolek titel SPD     
          mati urip kudu dilakoni

udan ,  panas….
Brayan urip marang kanca
Susah seneng, dilakoni bareng
Kanthi wektu kang wis katetepake
Titel SPD ing mburi jeneng
Puspita Apriliani
Surabaya, 14 maret 2012

sawijining dina

ilang
Kaendahan urip kang wus sirna
Mung susah sing tak rasa
Tresnaning ati sing ajur kumur-kumur
Saklebatan isih krasa lara
          Sesambungan kang endah
          Saiki mung dadi awang-awang
          Pranyata ora ono maneh sing bisa gawe bungahing ati
          Rikala semana, pancen aku tresna marang sliramu
Nanging, ora kanggo saiki
Kadung gela marang lakumu kang gawe cidraning ati iki
Sopo kowe?
Kok wani-wanine mbubarake sesambungan iki?