Pengikut

Minggu, 06 Mei 2012


Basa lan Kawasisan Basa
Basa inggih punika piranti komunikasi antawis anggota bebrayan arupi simbul ungel ingkang dipunasilken dening piranti ucap manungsa (Gorys Keraf: 2004). Basa mujudaken sistem komunikasi ingkang ngginakaken simbul-simbul vokal (ungel ujaran) ingkang sipatipun arbitrer, ingkang saged ngginakaken gerak-gerik badaniah ingkang nyata. Punika mujudaken simbul jalaran rakiting ungel ingkang dipunasilaken dening piranti ucap manungsa kedah maringi makna. Dene simbul inggih punika tandha ingkang maringi makna tinamtu, inggih punika mujudaken dhateng punapa ingkang saged dipunserap pancadriya.
Miturut Gorys Keraf (2004 : 2) basa nyakupi kalih bidang, inggih punika ungel vokal ingkang dipunasilaken dening piranti ucap manungsa, lan teges inggih punika gegayutan antawis rakiting ungel vokal kaliyan babagan punika. Ungel punika mujudaken getaran ingkang merangsang piranti pamireng kitha, nanging teges inggih punika isi ingkang wonten selebeting arus ungel ingkang njalaraken reaksi utawi tanggapan saking sanesipun. Teges ingkang wonten ing selebeting rakiting ungel sipatipun arbitrer utawi manasuka. Dene makna tembung adhedhasar konvensi (kesepakatan)
bebrayan basa ingkang wonten.12
Miturut Gorys keraf (2004: 4), basa nggadhahi fungsi dados:
1. Alat untuk menyatakan ekspresi diri.
Dados piranti kangge ngandharaken ekspresi diri, basa ngandharaken secara terbuka sedaya ingkang tersirat. Unsur-unsur ingkang ngaribawani ekspresi diri inggih punika supados dipunpikantuki perhatosan tiyang sanes lan kenging kangge merdikakaken dhiri saking sedaya tekanan emosi.
2. Alat komunikasi.
Dados piranti komunikasi, basa mujudaken saluran perumusan maksud saengga saged kerja sama kaliyan sesami. Mranata kathahipun jinis kagiatan bebrayan, rancangan lan ngarahaken. Lan piranti komunikasi ugi saged analisis wekdal ingkang rumiyin kangge dipunpikantuki asil-asil ingkang mupangat kangge wekdal samenika.
3. Alat mengadakan integrasi dan adaptasi sosial.
Kanthi basa manungsa saged interaksi kaliyan sedaya jinising tata karma bebrayan kasebut. Basa saged ngawontenaken integrasi (pembauran) ingkang sampurna kangge individu kaliyan bebrayaipun. Lan saged jumbuhaken piyambakipun (adaptasi) kaliyan sedayanipun selebeting ngginakaken basa.
4. Alat mengadakan kontrol sosial.
Ingkang kasebut kaliyan kontrol sosial inggih punika usaha kangge ngaribawani tingkah laku lan tindak-tanduk tiyang-tiyang sanes. Tingkah laku punika saged sipatipun kabikak utawi ingkang sipatipun katutup.13 Selebeting ngginakaken kontrol sosial, basa punika nggadhahi relasi kaliyan proses-proses sosialisasi bebrayan. Proses-proses sosialisasi punika saged dipunwujudaken kanthi cara inggih punika dipunpikantuki keprigelan wicantenan, basa mujudaken saluran ingkang utami wonten pundi kepercayaan lan sikap bebrayan dipunparingaken dhateng lare-lare, basa nggambaraken lan jlentrehaken peranan ingkang dipunlampahi dening lare kangge identifikasi piyambakipun lan nggadhahi rasa keterlibatan (utawi sense of belonging utawi esprit decorps) lare babagan
bebrayan basanipun. (Gorys keraf, 2004: 7).
Miturut Nababan ing selebeting Aslinda (2007:1) basa mujudaken sistem vokal simbul ingkang mardika ingkang dipunginakaken dening bebrayan kangge interaksi. Basa saged dipunkaji saking kalih aspek, inggih punika hakekat lan faedahipun. Hakekat basa wicantenaken sistem unsur basa lan faedahipun basa kangge komunikasi. Kanthi komunikasi badhe kedadosan sistem sosial utawi bebrayan, boten wontenipun sistem sosial boten wonten bebrayan. Bebrayan utawi sistem sosial manungsa adhedhasar lan dados pangaribawa ing komunikasi basa.
Miturut Aslinda (2007 : 95) inggih punika basa kalebet aktivitas manungsa, kagiatan kaliyan sanesipun utawi kelompok sosial tinamtu. Bilih basa dipunginakaken selebeting gegayutan aktivitas tiyang kaliyan sanesipun (kelompok sosial) tinamtu, kedadosan punika kasebat wicara (talking, conversation). Nanging selebeting wicara kaliyan piyambak dados aktivitas individual kasebat kedadosan berfikir (thinking inner speech). 14 Selebeting panganggenipun basa, panutur kedah merhatosaken unsur-unsur ingkang kawontenan selebeting tindak basa lan gegayutanipun kaliyan utawi pangaribawanipun tumrap wujud lan pamilihing ragam basa. Miturut Dell Hymes, 1979 ing selebeting Aslinda (2007: 9) jlentrehaken bilih selebeting selebeting panganggenipun basa wonten wolong unsur ingkang kedah dipunperhatosaken selebeting panganggenipun basa. Unsur-unsur kasebut dipunsingkat kaliyan akronim, SPEAKING (Setting, participant, end, act sequence, key, instrumentalis, norms, genre).
1. Setting lan scene
Setting lan scene gegayutanipun kaliyan latar utawi panggenan kedadosan tutur. Panggenan kedadosan tutur gegayutanipun kaliyan wekdal wicantenan lan kahanan, kapan lan kahanan ingkang trep kangge ngginakaken tuturan. Wekdal, panggenan, lan kahanan tutur ingkang benten saged njalaraken panganggenipun variasi basa ingkang benten.
2. Participant
Participant inggih punika piranti penafsir kangge mratelakaken sinten mawon ingkang ngginakaken basa (panutur, mitra tutur lan pamireng)
3. End
Komponen tutur end gegayutanipun kaliyan teges lan ancas ingkang badhe dipunasilaken selebeting kagiatan pawicantenan.
4. Act Sequence
Komponen tutur act sequence gegayutanipun kaliyan wujud lan isituturan. Wujud tuturan punika gegayutan kaliyan tembung-tembung15 ingkang dipunginakaken, kados pundi panganggenipun lan gegayutan antawis punapa ingkang dipunwicantenaken kaliyan topik pawicantenan.
5. Key
Komponen tutur key gegayutanipun kaliyan manner, nada swanten, sikap utawi cara pawicantenan.


6. Instrumentalis
Instrumentalis gegayutanipun kaliyan channel/ saluran lan wujud basaingkang dipunginakaken kangge nyampekaken pesan.
7. Norms
Komponen tutur norms gegayutan kaliyan kaidah-kaidah tingkah laku selebeting interaksi lan interpretasi komunikasi. Norma interaksi dipungambaraken dening tataran sosial utawi gegayutan sosial ingkang umum selebeting golongan bebrayan.
8. Genre
Genre mujudaken kategori ingkang saged dipuntemtukaken lewat wujud basa ingkang dipunginakaken, kados narasi, puisi, pepatah, doa lan sapanunggalipun. Kawasisan basa nggadhahi ancas kangge lancaraken komunikasi ingkang cetha lan trep kaliyan sedaya bebrayan. Kawasisan basa punika saged ngundhakaken kamampuan pawongan ing babagan olah piker. Ingkang utami saking kawasisan basa inggih punika ngginakaken basa kanthi sae. Sansaya sae basanipun, saya gamblang lan gampil anggenipun gulah wentah piker.16 Langkah-langkah ingkang mujudaken kawasisan basa dipunjlentrehaken dening Gorys Keraf, inggih punika:
”Latihan kemampuan atau kemahiran pertama-tama bermaksud untuk menggelar dan mengembangkan potensi-potensi pribadi. Dengan latihan-latihan yang intensif, kita akan memperoleh keahlian bagaimana menggunakan daya pikir secara efektif, menguasai stuktur bahasa dan kosakata secara meyakinkan, menggunakan suara dan artikulasi bahasa yang tepat, bagaimana menggunakan gerak-gerik, isyarat dan air muka sesuai dengan suasana dan isi pembicaraan. Latihan-latihan ini perlahan-lahan akan memungkinkan kita melahirkan ide, pengetahuan, perasaan dan lain-lainnya dalam bentuk bahasa yang baik dan lancar, dengan cara yang teratur dan logis.”
(Gorys Keraf, 2004 :8 ).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar